Kamis, 24 Mei 2012

PIRANTI ING BUDAYA JAWA

            §  TUMBU

Tumbu menika wadah kagem nyimpen kabutuhan pangan wonten wekdal sak untara,  kayata : umbi-umbian,buah.kacang-kacangan,lsp ingkang duweni ukuran ingkang alit. Piranti menika kadamel saking pring ingkang dipun anyam.Wonten sakpunika piranti punika taksih kaagem dening masarakat Jawa Tengah lan sak kiwa tengene. Piranti punika anggadhahi dimensi lingkar dhuwur kira-kira 45 cm lan dimensi lingkar ngisor awujud kotak kira-kira 45 cm x 45 cm.
§  TAMBIR

Tambir inggih punika piranti kagem ngresiki  beras saking reregetan wonten proses pengulitan gabah dumugi dados beras. Tambir digunakaken sakdurungipun di kumbah lan dimasak.Caranipun ngresiki  inggih punika dipun ayak kagem tangan. Piranti menika kadamel saking pring ingkang dipun anyam.Piranti punika anggadhahi dimensi lingkar kira-kira 60-65 cm.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar